Assalamualaikum Warrahmatullahi Wabarrakatuh
Kawula nuwun dhumateng ngarsanipun para pepunden para sesepuh para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundi saha kinabekten.
Linangkung dhumateng para bapak para ibu sagung para tamu ingkang kawula hormati. Langkung rumiyin sumangga sesarengan kita nderekaken raos puja lan puji syukur dhateng Gusti ingkang wenang amurba amuses ingkang sampun kepareng handum para hambabar nugroho, kacehno wonten ing siyang punika kita sedaya saged tindak wonten ing papan punika kanthi karaharjan kabagyan sarta kabagaswarasan.
Nun injih hangrawuhi pepanggihan wonten ing siyang punika. Para bapak saha para ibu ingkang hambeg luhuring budi. Sakderengipun kawula nyuwun amit dalem sewu angampil saha anggempil kamardikan kalanipun para bapak saha para ibu saweksakeca sahakasengsem ing pangandikan.
Nun injih kawula kapiji dhumateng panitia pengetan Dinten Kartini wonten ing yahun kalihewu tigawelas punika. Ingkang supados kawula matus minangka wakil saking panitia pengetan Dinten Kartini.
Para bapak saha para ibu satuhu ingkang kawula hormati.
Ingkang sepisan panitia hangaturaken sugeng rawuh sarta sugeng lenggah dhumateng ngarsanipun para bapak saha para ibu. Kairing agenge panuwun injih awit saking karawuhan para bapak saha para ibu. Ingkang selajengipun panitia nyuwun lumunturing samudra pangaksami mbok bilih wonten bab-bab ingkang kirang nuju prono, injih anggenipun hananggapi karawuhan panjenengan sedaya saha anggenipun caos papan palenggahan kirang nuju prono saestu panitia nyuwun lumunturing samudra pangaksami.
Ingkang selajengipun kula lan panjenengan sedaya tindak wonten ing dinten punika innjih badhe mengeti perjuanganipun Raden Ajeng Katini mugi-mugi semangat perjuanganipun saged kula lan panjenengan sedaya teladhani wonten ing jaman sakmenika.
Ingkang selajengipun, kagem ngregengaken pengetan menika panitia ngawontenaken sakwetawis kegiyatan antawisipun: lomba sesorah, lomba cerdas cermat basa jawi, lomba berbusana daerah, lan lomba macapat. Mugi-mugi kanthi kegiyatan menika saestu saged dados sarana rumaketipun pasederekan kita sedaya. Ingkang tundanipun badhe ningkataken persatuan lan kesatuan.
Mbok bilih naming mekaten ingkang saged kawula matur, saestu kawula nyuwun lumunturing samudra pangaksami. Wasana cekap semanten
Wassalamualaikum Warrahmatullahi Wabarrakatuh.
Home » sesorah » Contoh Sesorah yang mudah dipahami dan dihafal
Thursday, March 21, 2013
Contoh Sesorah yang mudah dipahami dan dihafal
lainnya dari basa jawa, belajar bahasa jawa, jogjakarta, kabudayan jawi, paling gampang, pidato basa jawa, sambutan basa jawa, sesorah
Ditulis Oleh : Shoffan Anbiya Khalifatudin // 5:38 PM
Kategori:
sesorah
Subscribe to:
Post Comments (Atom)

0 komentar:
Post a Comment